Rabu, 11 Mei 2016

Soal Basa Jawa "Tembang Pocung Lan Novel Basa Jawa"



1.   Pucung iku jenenge tembang, kalebu tembang ….
a.       Dolanan
b.      Gedhe
c.       Tengahan
d.      Macapat

2.      Tegese guru gatra yaiku …..
a.       Cacahing gatra ing saben sapada
b.      Cacahing wanda ing saben gatra
c.       Tibaning swara ing pungkasaning gatra
d.      Cacahing huruf ing saben sagatra

3.      Tegese kas nyantosani. Guru wilangane tembang iku ana …..
a.       12
b.      6
c.       8
d.      7

4.      Guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang pucung yaiku ….
a.       12u, 6a, 8i, 12a
b.      12i, 6a, 8i, 8a
c.       12u, 8i, 8u, 8i, 8o
d.      8u, 8i, 8a, 8i

5.      Watake tembang pucung yaiku …..
a.       Susah
b.      Sakpenake dewe
c.       Seneng
d.      Galak

6.      Tegese novel yaiku ….
a.       cerita kang isine nyeritakake lelakone sawijining wong kang nengenake owahe watak,panguripan utawa kahanan
b.      cerita kang isine dilarasak karo kahanan, pangripane wong ing saben dinane ing tengahe bebrayan
c.       cerita kang isine nyritakake lelakone sawijining wong ing sawijining wektu
d.      riwayate sawenehing wong

7.      Unsur novel iki dipérang dadi ….
a.       Siji
b.      Loro
c.       Telu
d.      Papat

8.      Salah siji unsur novel yaiku intrinsik, apa tegese ….
a.       unsur sing njaba novel
b.      ide utawa gagasan ndasari novel dhasar
c.       unsur sing langsung netepake novel lan ana ing novel
d.      latar panggonan, suasana lan wektu crita ing novel

9.      Ing ngisor iki unsur-unsur intrinsik novel, kajaba …
a.       Tema
b.      Latar/setting
c.       Pengalaman novelis
d.      Amanat

10.  Sudut pandang iku salah siji unsure intrinsik novel, sebutna macem maceme sudut pandang ….
a.       Sudut pandang wong pertama lan wong kaenem
b.      Sudut pandang wong pertama lan wong kapapat
c.       Sudut pandang wong pertama lan wong kaloro
d.      Sudut pandang wong pertama lan wong katelu

11.  Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMK Negeri 7 Semarang ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMK Negeri 7 Semarang ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMK Negeri 7 Semarang ingkang winantu ing karaharjan.Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …
a.       Pambagya harja
b.      Salam pambuka
c.       Surasa basa       
d.      Purwaka basa

12.  Ing ngisor iki tujuan tujuan sesorah, kajaba ….
a.       Kanggo menehi pengertian marang wong liya
b.      Kanggo menehi kesenengan kesenengan marang wong sing ngrungokake utawa kanggo maringi panglipur marang wong sing ngrungokake
c.       Kanggo manas manasi atine wong liya
d.      Kanggo ngajak wong sing ngrungokake supaya gelem tumindak kaya sing dikarepake sing maringi sesorah

13.  Metode sesorah keperang dadi papat, yaiku Metode naskah, apalan, impromptu, ekstemporan. Tegese metode ekstemporan yaiku …
a.       Pamicara sakdurunge pidhato gawe catetan sing isine balungane karangan. Saka balungane karangan mau kanthi langsung dijlentrehake ana ing sakngarepe pamiarsa.
b.      Metode kanthi spontan utawa langsung pamicara jlentrehake gagasan-gagasan ana ing ngarepe pamiarsa.
c.       Naskah sing wis dicawisake sak apik-apike banjur diapalake. Kekurangane metode iki yaiku amarga konsentrasine marang apalan, pocapane monoton ora ana irama, pidhatone kaya wong maca teks.
d.      Bisa ngindari kekurangan lan kesalahan amarga metode iki wis nyawisake teks saksurunge kanthi bener lan becik. Ananging kekurangan metode iki yaiku pamicara ora bisa mbangun komunikasi antarane pamicara karo pamiarsane.

14.  Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake yaiku ...
a.       Basa, Busana, Swara, lan Solah bawa
b.      Basa, Rambut, Swara, lan Solah bawa
c.       Basa, Busana, Pamiarsa, lan Solah bawa
d.      Panggonane, Busana, Swara, lan Solah bawa

15.  Salah siji sing kudu digatekake supaya sesorah bisa becik yaiku Swara, tegese yaiku …..
a.       Swarane kudu keseron ben kabeh pamiarsa kerungu
b.      Swarane kudu alon ben pamiarsa sing sare ora keganggu
c.       Swarane sing kepenak dirungoake, aja keseron utawa alon banget
d.      Swarane kudu kepenak koyok nyinden

16.  Basa ngoko lan krama diarani …
a.       Ngajeni
b.      Unggah-ungguh basa
c.       Tata krama
d.      Basa ngawur

17.  Basa krama inggil diucapake marang ….
a.       Marang sapadha-padha
b.      Wong tuwa marang wong enom sing isih ngurmati
c.       Bocah marang wong tuwa
d.      Wong tuwa marang bocah

18.  Bu Dian tindak kantor nitih bis, salinen nganggo basa ngoko …
a.       Bu dian lunga kantor numpak bis
b.      Bu dian lunga kantor
c.       Bu dian numpak bis
d.      Bu dian lunga kantor ditumpaki bis

19.  Wong tua ngomong karo bocah enom nganggo basa …
a.       Krama inggil
b.      Krama lugu
c.       Ngoko lugu
d.      Madya

20.  Ing ngisor iki klebu basa krama, kajaba …..
a.       Ibu mundhut gendhis ing wande
b.      Pakdhe mundhut sinjang wonten peken
c.       Pak Guru tindak sekolah ngasto tas ageng
d.      Fani tuku dolanan inng pasar malem

"ANAK MUDA GENERASI BANGSA"

2 komentar: